Langsung ke konten utama

Contoh Pidato Bahasa Jawa ::Prakata Panitia::

Contoh Pidato Bahasa Jawa yang akan saya bagikan kali ini adalah Prakata Panitia pada acara Halal Bi Halal. Naskah Pidatonya adalah sebagai berikut :


Bismillah hirrahmanirrakhim, Alhamdulillah hi rabbil’alamin wassalatu wassalamu’ala sayyidina muhammadin khairil anaam wa ‘ala aalihi wa sahbihil kariim. Qalallahu ta’ala fi kitabihil karim Bismillahirrahmanirrakhim, wa’tashimu bihablillahi jami’an wa la tafarraquu. Al ayah. Sodaqallahul’adzim. Qala aidzon Rabbi srahlii sadri wayasirlii amrii wahlul ‘uqdata millisani yafqahu qauli amma ba’du.

Al Mukarom bapak K.H. Hamam Nasirudin saking Banyumas Sekaligus Imam Mushola Al inayaah ingkang kita ajeng-ajeng fatwa lan wejangan2ipun. Para alim ulama,  sesepuh soho pinisepuh ingkang kawula hormati.
Dumateng bapak kepala desa sa’perangkatipun ingkang kawulo hormati lan ingkang kita taati aturan-aturanipun tuwin dumateng sedaya rencang pemuda lan pemudi REIFAL ingkang kawula tresnani. Para hadirin hadirat kaum muslimin muslimat ingkang kawula hormati.

Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing Mushola Al inayah mriki, ingkang sami2 hanggadahi tujuan mengeti adicara HALAL BI HALAL ing ndalu punika kanti sehat wal afiyat.

Kaping kalihipun mugi2 shalawat saha salam tansah konjuk dhumateng panjenenganipun Junjungan Kita Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang sampun mbetoh kita saking alam jahiliyah utawi zaman kegelapan dumateng zaman ingkang terang benderang  nggih punika agama Islam.

Hadirin-hadirat ingkang kawula hormati. Ing wekdal punika swasananipun taksih wonten ing saklebeting wulan syawal, mila saderengipun kula nglajengaken atur, langkung prayogi menawi kula hangaturaken Minal Aidzin wal faizin mohon ma’af lahir dan batin mugi-mugi Gusti Allah kepareng anampi amal ibadah punika, Amin….
  Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sedherek kaum muslimin ingkang kawula hormati. Kados sampun kasebataken dening pranatacara bilih kula ingkang mangka pangarsaning panitia Adicara HALAL BIHALAL, mila saking punika kula miwah para kadang panitia ngaturaken agunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kepareng anglonggaraken wekdal sakperlu ngrawuhi wonten ing adicara HALAL BIHALAL ing ndalu punika.

Salajengipun mboten kesupen sagunging kadang panitia tansah hangaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun paring sih pambyantu ingkang arupi bandha punapa dene penggalihan sahingga saged hanyengkuyung mawujudipun tata adicara pengetan punika.
Salajengipun kula dalah para kadang panitia nyuwun gunging samodra pangaksami dhumateng para rawuh lan undangan, sarta sagunging kaum muslimin, awit sadaya punika ngrumaosi kiranging anggen kula hananggapi kerawuhan panjenengan ingkang arupi papan palenggahan lan samukawisipun.

Para hadirin hadirat Rahimmakumullah. Mbok menawi namung dumugi semanten, punapa ingkang saged kula aturaken, dene kula ingkang pinangka ketua Panitia mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawi wonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih. Pitungkasing atur….. wabillahi taufiq wal hidayah….

Komentar

Postingan populer dari blog ini

STRATIGRAFI DAN PALEONTOLOGI

STRATIGRAFI DAN PALEONTOLOGI A. Pengertian Stratigrafi     Stratigrafi berasal dari kata strata (stratum) yang berarti lapisan (tersebar) yang berhubungan dengan batuan, dan grafi (graphic) yang berarti gambaran atau urut-urutan lapisan, komposisi dan umur relatif serta distribusi lapisan tanah dan interpretasi lapisan-lapisan batuan untuk menjelaskan sejarah bumi. Dari hasil perbandingan atau korelasi antar lapisan yang berbeda dapat dikembangkan lebih lanjut studi mengenai litologi (litostratigrafi), kandungan fosil (biostratigrafi), dan umur relatif maupun absolutnya (kronostratigrafi). Jadi stratigrafi adalah ilmu yang mempelajari gambaran lapisan batuan pada kulit bumi. Secara luas stratigrafi merupakan salah satu cabang ilmu geologi yang membahas tentang urut-urutan, hubungan dan kejadian batuan di alam (sejarahnya) dalam ruang dan waktu geologi. Ilmu stratigrafi muncul di britania raya pada abad ke-19. Perintisnya adalah William Smith. Kala itu diamati...

Contoh Pidato Bahasa Jawa ::Prakata Panitia Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW::

Contoh Pidato Bahasa Jawa Prakata Panitia Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW :   Ingkng kinurmatan   rama kyai ……………. Ingkang kito ajeng2 fatwanipun, ingkang kawulo hormati sesepuh soho pini sepuh , ingkang kito ajeng2 wejangan2nipun. Dumateng Bpk kepala desa sa’perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun. Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati. Kanthi ngucapaken raos sukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala. Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saged angrawuhi lan makempal wonten ing masjid Miftahul Huda miriki. Satemah ing ndalu punika kita saged makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Awit labuh labatipun sa...