13 Agustus 2011

Contoh Pidato Bahasa Jawa ::Prakata Panitia::

Contoh Pidato Bahasa Jawa yang akan saya bagikan kali ini adalah Prakata Panitia pada acara Halal Bi Halal. Naskah Pidatonya adalah sebagai berikut :


Bismillah hirrahmanirrakhim, Alhamdulillah hi rabbil’alamin wassalatu wassalamu’ala sayyidina muhammadin khairil anaam wa ‘ala aalihi wa sahbihil kariim. Qalallahu ta’ala fi kitabihil karim Bismillahirrahmanirrakhim, wa’tashimu bihablillahi jami’an wa la tafarraquu. Al ayah. Sodaqallahul’adzim. Qala aidzon Rabbi srahlii sadri wayasirlii amrii wahlul ‘uqdata millisani yafqahu qauli amma ba’du.

Al Mukarom bapak K.H. Hamam Nasirudin saking Banyumas Sekaligus Imam Mushola Al inayaah ingkang kita ajeng-ajeng fatwa lan wejangan2ipun. Para alim ulama,  sesepuh soho pinisepuh ingkang kawula hormati.
Dumateng bapak kepala desa sa’perangkatipun ingkang kawulo hormati lan ingkang kita taati aturan-aturanipun tuwin dumateng sedaya rencang pemuda lan pemudi REIFAL ingkang kawula tresnani. Para hadirin hadirat kaum muslimin muslimat ingkang kawula hormati.

Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing Mushola Al inayah mriki, ingkang sami2 hanggadahi tujuan mengeti adicara HALAL BI HALAL ing ndalu punika kanti sehat wal afiyat.

Kaping kalihipun mugi2 shalawat saha salam tansah konjuk dhumateng panjenenganipun Junjungan Kita Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang sampun mbetoh kita saking alam jahiliyah utawi zaman kegelapan dumateng zaman ingkang terang benderang  nggih punika agama Islam.

Hadirin-hadirat ingkang kawula hormati. Ing wekdal punika swasananipun taksih wonten ing saklebeting wulan syawal, mila saderengipun kula nglajengaken atur, langkung prayogi menawi kula hangaturaken Minal Aidzin wal faizin mohon ma’af lahir dan batin mugi-mugi Gusti Allah kepareng anampi amal ibadah punika, Amin….
  Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sedherek kaum muslimin ingkang kawula hormati. Kados sampun kasebataken dening pranatacara bilih kula ingkang mangka pangarsaning panitia Adicara HALAL BIHALAL, mila saking punika kula miwah para kadang panitia ngaturaken agunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kepareng anglonggaraken wekdal sakperlu ngrawuhi wonten ing adicara HALAL BIHALAL ing ndalu punika.

Salajengipun mboten kesupen sagunging kadang panitia tansah hangaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun paring sih pambyantu ingkang arupi bandha punapa dene penggalihan sahingga saged hanyengkuyung mawujudipun tata adicara pengetan punika.
Salajengipun kula dalah para kadang panitia nyuwun gunging samodra pangaksami dhumateng para rawuh lan undangan, sarta sagunging kaum muslimin, awit sadaya punika ngrumaosi kiranging anggen kula hananggapi kerawuhan panjenengan ingkang arupi papan palenggahan lan samukawisipun.

Para hadirin hadirat Rahimmakumullah. Mbok menawi namung dumugi semanten, punapa ingkang saged kula aturaken, dene kula ingkang pinangka ketua Panitia mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawi wonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih. Pitungkasing atur….. wabillahi taufiq wal hidayah….

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Post

Belanja Online

Blog ini di Sponsori oleh:

Untuk mendaftar silahkan klik gambar banner
Eying Up a Link Prospect > Adsense Indonesia
 

Pengikut

Histats.com © 2005-2010 Privacy Policy - Terms Of Use - Powered By

Sofyan Blog Copyright © 2009 WoodMag is Designed by Ipietoon for Free Blogger Template