07 Agustus 2011

Contoh Pidato Bahasa Jawa Part1

Sudah menjadi rutinitas para remaja di tempatku menjelang Bulan Suci Ramadhan, yaitu mengadakan kegiatan-kegiatan untuk mengisi waktu di bulan puasa, diantaranya adalah kegiatan belajar pidato (Khitobah), tarowih keliiling, Peringatan Nuzulul Qur'an, Buka bersama, Tadarus Al Qur'an dll. Beberapa hari yang lalu perwakilan dari Remaja Islam Al Fallah (REIFAL) datang ke gubug saya meminta untuk dibuatkan teks Contoh Pidato Bahasa Jawa untuk mengisi kegiatan Khitobah.

Nah... saya akan membagikan Contoh Pidato Bahasa Jawa untuk pembawa acara (MC) pada kawan-kawan semua barang kali ada yang membutuhkan, contohnya seperti di bawah ini :

Bismillah hirrahmanirrakhim, Alhamdulillah hi rabbil’alamin wassalatu wassalamu’ala sayyidina muhammadin khairil anaam wa ‘ala aalihi wa sahbihil kariim. Qalallahu ta’ala fi kitabihil karim Bismillahirrahmanirrakhim, wa’tashimu bihablillahi jami’an wa la tafarraquu. Al ayah. Sodaqallahul’adzim. Qala aidzon Rabbi srahlii sadri wayasirlii amrii wahlul ‘uqdata millisani yafqahu qauli amma ba’du.

Al Mukarom bapak K.H. Hamam Nasirudin saking Banyumas Sekaligus Imam Mushola Al inayaah ingkang kita ajeng-ajeng fatwa lan wejangan2ipun. Para alim ulama,  sesepuh soho pinisepuh ingkang kawula hormati.
Dumateng bapak kepala desa sa’perangkatipun ingkang kawulo hormati lan ingkang kita taati aturan-aturanipun tuwin dumateng sedaya rencang pemuda lan pemudi REIFAL ingkang kawula tresnani. Para hadirin hadirat kaum muslimin muslimat ingkang kawula hormati.

Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing Mushola Al inayah mriki, ingkang sami2 hanggadahi tujuan mengeti adicara HALAL BI HALAL ing ndalu punika kanti sehat wal afiyat.

Kaping kalihipun mugi2 shalawat saha salam tansah konjuk dhumateng panjenenganipun Junjungan Kita Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang sampun mbetoh kita saking alam jahiliyah utawi zaman kegelapan dumateng zaman ingkang terang benderang  nggih punika agama Islam.

Kaum muslimin muslimat, Rahimmakumullah. Sakderengipun kawula matur ingkang kathah langkung rumiyin kawula ngucapaken MINAL ‘AIDZIN WAL FAIZIN mohon ma’af lahir dan bathin. kawula wanten ing ngarsa panjenengan sedaya mboten sanes namung melaksanakaken tugas saking Panitia minangka Pranatacara.
Mila saking punika Sa’derengipun acara dipun melaih, langkung rumiyin kula waosaken susunan adicara ingkang bade lumampah wonten ing acara HALAL BIHALAL wonten ing ndalu punika.
Acara:
1.      Pembukaan.
2.      Waosan Ayat2 suci Al-qur’an & Shalawat
3.      Prakata Panitia
4.      Sambutan2.
5.      Istirahat
6.      Inti pengaosan & Do’a
7.      Penutup.

Hadirin Hadirat Ingkang kawula hormati, mangga acara HALAL BIHALAL kita bikak kanti waosan Ummul Kitab. Liridlalillah wa lisyafa’ati rasulillah SAW Al- Fatihah ……
Matur nuwun kula aturaken, mugi2 kanti waosan Ummul Kitab punika saged ndadosaken lancaring acara ing ndalu punika.
Acara saklajengipun nggih punika waosan ayat2 suci Al qur’an lan shalawat, ingkang bade pun waos dening sederek ………………..lan………………, dumateng panjenenganipun …………………… wekdal saha panggenan kawula aturaken, sumangga.
Matur nuwun kula aturaken mugi2yo ingkang maos lan ugi ingkang midhangetaken saged angsal hidayahipun Allah SWT.. Allahuma ….. Amin.
Ngancik adicara ingkang angka tiga nggih punika prakata Panitia. Ingkang bade dipun sampaikaken dening sederek……………, dumateng panjenenganipun sederek …………………… wekdal saha panggenan kawula aturaken sumangga.
Matur nuwun kula aturaken. Mekatenlah Prakata saking Panitia. Acara saklajengipun nggih punika sambutan2. sambutan ingkang angka setunggal nggih  punika saking Ketua Reifal Dumateng sederek………………. wekdal saha panggenan kawula aturaken sumangga.
Matur nuwun kula aturaken Sambutan saklajengipun nggih punika saking bapak kepala desa. Ingkang kawula hormati Bapak Kepala Desa, wekdal saha panggenan kawula aturaken sumangga.

Adicara saklajengipun nggih punika, inti pengaosan acara HALAL BIHALAL lan kawula suwun dipun terasaken kaliyan Do’a Ingkang bade dipun isi dening Almukarom Bapak Kyai Haji Hamam Nasirudin saking Banyumas.
Dumateng Al- Mukarom Bapak kyai Haji Hamam Nasirudin wekdal saha panggenan kawula aturaken sumangga.
 Mekatenlah inti pengaosan ing ndalu punika, mugi2yo kita sedaya saged angsal pelajaran ingkang manfa’at fi dunya wal akhirat. Allahuma …. Amin …..
Ngancik acara ingkang terakhir nggih punika penutup. Sakderengipun acara dipun tutup, kawula minangka pranatacara nyuwun sih agunging pangaksami. Mangga acara HALAL BIHALAL punika kita tutup kanti waosan Hamndallah… Alhamdulillah hirabbil’alamin…..
Saking kawula cekap semanten, mbok bilih enten klinta-klintunipun atur kawula nyuwun sih agunging pangapunten. Maturnuwun Billahi taufiq wal hidayah wal inayah.


                      

Untuk contoh yang lain akan saya berikan di posting yang akan datang.           

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Post

Belanja Online

Blog ini di Sponsori oleh:

Untuk mendaftar silahkan klik gambar banner
Eying Up a Link Prospect > Adsense Indonesia
 

Pengikut

Histats.com © 2005-2010 Privacy Policy - Terms Of Use - Powered By

Sofyan Blog Copyright © 2009 WoodMag is Designed by Ipietoon for Free Blogger Template